Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget HTML #1

SOAL UAS GANJIL 2021 MAPEL BAHASA JAWA KELAS XII SMK

 SOAL UAS GANJIL 2021 MAPEL BAHASA JAWA KELAS XII SMK

 I.    Pilihen wangsulan kang kok anggep bener kanthi menehi tanda ping (X) ing lembar wangsulan!

 1.    Basa Jawa minangka sawijinging basa kang duwe unggah-ungguh (undha-usuk) utawa tingkat kesantunan. Dene anggone ngecakake miturut ….
A.    Ayu utawa bagus orane sing diajak rembugan
B.    Sugih utawa orane
C.    Sapa sing rembugan lan sapa sing diajak rembugan
D.    Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus
E.    Drajat lan pangkat sing rembugan lan sing diajak rembugan

2.    Miturut gunane, basa keperang dadi telung golongan, yaiku ....
A.    Basa ibu, basa ilmiah, lan basa sastra
B.    Basa ibu, basa ilmu, lan basa pergaulan
C.    Basa ibu, basa kaluwarga, lan basa budaya
D.    Basa ibu, basa komunikasi, lan basa budaya
E.    Basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya.

3.    Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku …
A.    Basa kang digunakake kanggo rerembugan ing adicara kulawarga
B.    Basa kang digunakake ing adicara pahargyan adat
C.    Basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa
D.    Basa kang digunakake kanggo medharake sawenah kawruh
E.    Basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan

4.    Basa kang tetembungane mung awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa ....
A.    Ngoko lugu
B.    Ngoko alus
C.    Krama
D.    Krama lugu
E.    Krama alus

5.    Yen kabandingake karo basa ngoko basa krama kuwi luwih ....
A.    Kasar lan rumaket
B.    Luwih gampang cak-cakane
C.    Alus lan nduwe surasa luwih ngajeni
D.    Lugu lan kurang ngajeni liyan
E.    Endhek tataran undha-usuke

6.    “Pak Dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare.” Basa kang digunakake punggelan teks kasebut yaiku....
A.    Krama
B.    Krama alus


C.    Krama lugu
D.    Ngoko alus
E.    Ngoko lugu

7.     “Njanur gunung dene kowe sowan ana ing Bojonegoro, apa pancen ana wigati?”
Tembung kang kagaris nduweni ateges …
A.    Kadingaren lan kapentingan
B.    Kadingaren lan pepinginan
C.    Kekarepan lan pepinginan
D.    Kekarepan lan kapentingan
E.    Kadingaren lan gegayuhan

8.    Kasugengan, kasarasan, kawilujengan, saha kabahagyan mugi katumprapan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Basa kang digunakake punggelan teks kasebut yaiku …
A.    Krama lugu
B.    Krama alus
C.    Ngoko lugu
D.    Ngoko alus
E.    Krama lan ngoko

9.    Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake ....
A.    Mirunggan
B.    Penting
C.    Rumaket
D.    Ngajeni
E.    Guyonan

Gatekna wacan ing ngisor iki! Kanggo pitakon nomer 10 – 11.
 
Saka pandongane tiyang sepuh lan bapak ibu guru taun iki aku bisa lulus ujian nasional kanthi biji kang becik, ora tanggung-tanggung biji rata-rataku 9,2. Mula aku banjur didhawuhi supaya ndhaftar ana ing perguruan tinggi negri. Perguruan tinggi sing taktuju yaiku UGM, sanajan  omahku ana ing tlatah Tuban ora apa-apa, aku wis dipercaya dening bapak ibuku, amerga bocah lanang kudu mandhiri. Nalika lagi ndhaftar aku ketemu karo bocah wadon, bocahe becik, kulitane resik, uga ayu rupane. Bareng taktakoni kanthi cetha dheweke iku saka Solo.

10.    Basa kang digunakake dening paraga “aku” ing narasi kasebut yaiku ragam basa …
A.    Ngoko lugu
B.    Ngoko alus
C.    Krama lan ngoko
D.    Krama lugu
E.    Krama alus

11.    Basa kang trep digunakake paraga “aku” marang bocah wadon kang lagi ditemoni yaiku …
A.    Ngoko lugu
B.    Ngoko alus
C.    Krama lan ngoko
D.    Krama alus
E.    Krama lugu

12.    Griyanipun Tuning, murid panjenengan ingkang pinter piyambak menika, boten tebih saking dalemipun pak Lurah.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku …
A.    Krama alus
B.    Krama lugu
C.    Ngoko lugu
D.    Ngoko alus
E.    Ngoko lan krama


Gatekna wacan ing ngisor iki! Kanggo pitakon nomer 13 – 19.
 

JAWA XII 13

13.    Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku …
A.    Pepali
B.    Piala
C.    Larangan
D.    Awisan
E.    Pahlawan

14.    Adhedhasar wacan ing dhuwur, sing dikarepake larangan kuwi, larangane saka …
A.    Guru
B.    Gusti Allah
C.    Wong tuwa
D.    Polisi
E.    Negara

15.    Larangan Pangeran mono kuwi ana akeh, nanging sing karembug ing wacan mung saperangan. Tegese tembung karembug ing ukara kasebut yaiku …
A.    Dipengini
B.    Ditakokake
C.    Disinaoni
D.    Dirasani
E.    Dilakoni

16.    Larangane Pangeran mono akeh, nanging sing diandharake ing wacan ndhuwur mung ana pira?
A.    1
B.    2
C.    3
D.    4
E.    5

17.    Larangan kapisan yaiku ….
A.    Aja mamangan kang gawe rusake jiwa raga
B.    Aja manembah saliyane Gusti Allah
C.    Aja ngumbar syahwat
D.    Aja nerak wewelar
E.    Aja padha cecongkrahan

18.    Larangan kapindho yaiku ….
A.    Aja mamangan kang gawe rusake jiwa raga
B.    Aja manembah saliyane Gusti Allah
C.    Aja ngumbar syahwat
D.    Aja nerak wewelar
E.    Aja padha cecongkrahan

19.    Larangan katelu yaiku ….
A.    Aja mamangan kang gawe rusake jiwa raga
B.    Aja manembah saliyane Gusti Allah
C.    Aja padha cecongkrahan
D.    Aja ngumbar syahwat
E.    Aja nerak wewelar

20.    


 
 

Yen ditulis mawa aksara latin yaiku ....
A.    Bocah sekolah kudu sregep
B.    Bocah sekolah kudu sinau
C.    Bocah sekolah kudu sopan
D.    Bocah sekolah kudu satuhu
E.    Bocah sekolah kudu siaga


21.    



 

 

 

Yen ditulis mawa aksara latin yaiku ....
A.    Diparibasakaken mampir ngombe
B.    Diparibasakaken kena mampir ngombe
C.    Dipunparibasakaken mampir ngombe
D.    Paribasane mampir ngombe
E.    Paribasane mung mampir ngombe

22.    Satriya ambayar sragam Rp. 87.450. Ukara kasebut manawa ditulis Aksara Jawa yaiku …
 



 









 

 

 

 

 

 

23.    Luwes lan bisa nampa ilining jaman. Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku …


 

24.    
Ukara kasebut menawa ditulis latin yaiku …
A.    Joko Widodo presiden RI
B.    Joko lan Ahok DKI
C.    Tanggal 20 Oktober Jokowi kalantik
D.    Tanggal 20 Oktober Joko Widodo kalantik
E.    Tanggal 20 Nopember Joko Widodo kalantik

25.    Obahe mangsa lan wektu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
 
 

II.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1.    Jlentrehna jenis lan pangatrape unggah-ungguh basa Jawa!
2.    Jangkepana tabel ing ngisor iki!

NGOKO       
KRAMA LUGU    
KRAMA ALUS     
Muleh a..... b.....
Bojo Semah c.....
Mulang Mucal d....
Nginep Nyipeng e....
f.... Wilujeng g....
3.    Isinen ceceg-ceceg ing ukara ngisor iki nganggo aksara Jawa!
 .
4.    Ukara kasebut tulisen teks latine!
 
5.    Ukara kasebut tulisen nganggo Aksara Jawa!


Post a Comment for "SOAL UAS GANJIL 2021 MAPEL BAHASA JAWA KELAS XII SMK"