Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget HTML #1

SOAL UAS GANJIL 2021 MAPEL BAHASA JAWA KELAS XI SMK

 SOAL UAS GANJIL 2021 MAPEL BAHASA JAWA KELAS XI SMK

 I.    Pilihen wangsulan kang kok anggep bener kanthi menehi tanda ping (X) ing lembar wangsulan!


1.    Geguritan iku kanggo gampange diarani uga ….
A.    Kakawin Jawa Kuna
B.    Kidung Jawa Pertengahan
C.    Tembang Macapat
D.    Tembang Campursari
E.    Puisi Jawa Gagrak Anyar

2.    Kalebu ing struktur batin geguritan yaiku....
A.    Tema lan amanat
B.    Diksi lan tipografi
C.    Enjambemen lan lelewane basa
D.    Purwakanthi lan wirasa
E.    Panyitra lan diksi

3.    //oraa ana ing ngarep/ nanging cahyaning patuladhan/ kudu ngaton mangejawantah//
Punggelan teks geguritan ing dhuwur migunakake panyitra...
A.    Panindak
B.    Pangganda
C.    Pangrasa
D.    Pangrungu
E.    Pandeleng

4.    Tujuan maca endah geguritan yaiku....
A.    Bisa menehi tandha andhegan lan pangucapan
B.    Sing nyimak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan
C.    Nemokake struktur batin geguritan
D.    Nempokake struktur lair geguritan
E.    Supaya sing mirsani padha nggumun lan erem marang sing maca

5.    //aku mung iling sliramu/ kepengin aku ketemu/ ngrungu pituturmu/ ndeleng esemmu//
Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru ...
A.    Swara a
B.    Lumaksita mu
C.    Sastra g
D.    Swara u
E.    Swara um

6.    //Ya ta tutugna olehmu umpetan/ yen seneng nyawang aku sangsaya kelangan/ kesel ngundha kangen//
Punggelan teks geguritan ing dhuwur nggunakake panyitra...
A.    Pandeleng
B.    Pangganda
C.    Pangrungu
D.    Pangrasa
E.    Panindak




7.    Panggurit tansah milih tembung lan ukara kang endah minangka sarana nglairake maksud lan gagasan, pamilihan tembung kasebut kalebu ....
A.    Purwakanthi
B.    Wirasa
C.    Imaji lan panyitra
D.    Lelewane basa
E.    Enjambemen – Tembung sumambung

8.    Alon cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin diwedharake, diarani....
A.    Diksi
B.    Dinamika
C.    Tempo
D.    Artikulasi
E.    Modulasi

9.    Solah bawa, obah mosike sakujur awak nalika maca geguritan iku kudu .…
A.    Komunikatif, ekspresif, lan konsentrasi
B.    Modulasi, intonasi, artikulasi
C.    Tempo, diksi, ambegan
D.    Komunikatif, modulasi, artikulasi
E.    Dinamika, tempo, njawani

10.    Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku …
A.    Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane.
B.    Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/ dilagokake.
C.    Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
D.    Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
E.    Tembang iku nggunakake purwakanthi guru swara ab / ab.
 
11.    Maca endah geguritan iku kudu ....
A.    Banter swarane tanpa ana sing bisa ngalahake
B.    Didhasarake wewatakan, tatakrama, sopan-santun lan njawani
C.    Cepet lan cetha supaya ora ngentekake wektu
D.    Diwaca lan diapalake geguritane, banjur ditembangake
E.    Sopan, yen perlu disalini dadi basa krama dhisik






Kanggo pitakon nomer 12 – 15, gatekna wacan ing ngisor iki!

 

tulis jawa 12



 
 
12.    Layang kasebut katujukake marang sapa ....
A.    Bapak
B.    Ibu
C.    Pacangan
D.    Adhi
E.    Kangmas

13.    Sapa kang kirim layang ....
A.    saking putra Prawika
B.    saking putri Prawita
C.    saking putra Prawito
D.    saking putra Perwiro
E.    saking putri Prawika

14.    Ing ngendi lan kapan layang kasebut ditulis ....
A.    Surakarta, 13 Mei 2019
B.    Surakarta, 12 Maret 2018
C.    Surakarta, 13 Maret 2019
D.    Surakarta, 13 Mei 2018
E.    Surakarta, 12 Mei 2019

15.    Apa surasa utawa maksud saka layang kasebut ....
A.    Kangmas kang ngabari adhine yen dheweke arep bali omah.
B.    Putra kang ngaturi pirsa ibu, yen liburan semester dheweke bali omah njaluk dipapag Bapak.
C.    Putra kang ngaturi pirsa ibu, yen liburan semester dheweke bali omah njaluk dipapag Adhi.
D.    Kangmas kang ngabari adhine yen liburan semester dheweke bali omah njaluk dipapag ibu.
E.    Putra kang ngaturi pirsa Bapak, arep bali semesteran.
16.    
tulis jawa 11


 

Yen ditulis mawa aksara latin yaiku ....
A.    Tansaya tenanan
B.    Tandyaning barisan
C.    Tan wurung sedyane
D.    Tasyakuran manten
E.    Tasyakuran penganten
17.    

tulis jawa 10


 

 

Yen ditulis mawa aksara latin yaiku...
A.    Nemokaken macapat
B.    Nemokaken gegayuhan
C.    Nemahi kecilakan
D.    Nemtokaken kekajengan
E.    Nemtokaken gegayuhan
18.    

tulis jawa 9


 

Yen ditulis mawa aksara latin yaiku ....
A.    Anggayuh kasampurnan gesang
B.    Anggayuha kasampurnaning gesang
C.    Anggayuh kasampurnaning gesang
D.    Anggayuh dheteng kasampurnan
E.    Anggayuh dhumateng kasampurnan.
19.    

tulis jawa 8


 

Yen ditulis mawa aksara latin yaiku ....
A.    Bocah sekolah kudu sregep
B.    Bocah sekolah kudu sinau
C.    Bocah sekolah kudu sopan
D.    Bocah sekolah kudu satuhu
E.    Bocah sekolah kudu siaga

20.    Tatag ngadhepi kanyatan. Yen tinulis nganggo aksara Jawa yaiku....
 

tulis jawa 7



 

 

 

 

 

21.    Nampi piwulang. Yen ditulis aksara Jawa yaiku…

tulis jawa 6


 
 

 

 

 

22.    Budaya Jawa mundhi kuwajiban. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …


tulis jawa 4


 
 

 

 

 

 

23.    Manjamaning ancas. Yen ditulis aksara Jawa ....

tulis jawa 3
 
Kanggo pitakon nomer 24 – 25, gatekna wacan ing ngisor iki!

TEDHAK SITEN

Tedhak siten iku salah sawijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245 dina. Nalika iku bocah lagi sepisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dina ing kalender internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dina pisan. Tedhak siten asale saka rong tembung, yaiku "tedhak" utawa idak tegese mudhun lan "siten" saka tembung siti kang tegese bumi. Dadi tedhak siten nduweni arti ngidakake sikil ing lemah/pertiwi.
Tedhak siten nggambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten nduweni teges cedhake manungsa karo bumi. Awit nglakokake kauripan kang apik lan becik ing bumi lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Iku kanggo ngelingaken menawa bumi wis menehi akeh banget barang kang dibutuhake kangge uripe manungsa. Ing budaya Jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten, yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, mula kanggo ngendhani kadadean sing ora becik dianakake upacara tedhak siten.

24.    Kang diarani upacara tedhak siten yaiku.....
A.    Mudhun lemah
B.    Cedhak lemah
C.    Sepasaran
D.    Lair sapisan
E.    Upacara slametan

25.    Kang dikarepake ing upacara tedhak siten, yaiku ...
A.    Karepan bocahe sehat
B.    Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep.
C.    Cedhake manungsa karo bumi
D.    Kanggo ngendhani kedadean sing ora becik
E.    Atur puji syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi
 


II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1.    Jlentrehna apa wae kang kalebu struktur lair lan batin geguritan!
2.    Apa bedhane Geguritan, Tembang Dolanan, lan Tembang Campursari? Jlentrehna!
3.    Tulisen teks latine!
 

tulis jawa 2

 

 

4.    Sanguku Rp. 7.850.
Tulisen nganggo aksara Jawa, banjur identifikasi tandha wacan (tanda baca) ing tembung kasebut.
5.    Tulisen nganggo Aksara Jawa!

tulis jawa 1




Post a Comment for "SOAL UAS GANJIL 2021 MAPEL BAHASA JAWA KELAS XI SMK"